oleh :
- Rafaela Heydi Aprianti / 9A / 31
- Nadira Ajeng Maulidya / 9A / 23
- Naira Lunetta Maulidia / 9A / 24
- Queennara Naomi Christabella Suasti / 9A / 30
Tema pendidikan (4 larik)
1. Dolan nang kali golek iwak
mancing ket isuk entuk mek siji
saiki wes gak wayahe nakal
tapi wayahe golek prestasi
2. Adek sekolah bekal nasi krawu
ora lali maca dedungo
ayo sregep lak sinau
supaya mene dadi wong sing berguna
3. Warna biru warna laut
kembang cilik bentuke anggrek
ojo males yen sinau
yen kepingin dadi wong sing pinter
4. Masak bantu digawe ngunjuk teh
ojo lali dikeni gula aja tajin
yen kowe pengin sukses
ya jelas sinau sing rajin
5. Tuku ketan nang pasar krawu
budhale nitih becak
pastikno sekolah digawe sinau
ora mung pacaran wae cak
6. Maca buku neng teras omah
Sambil ngombe teh anget sumrah
Sekolah kuwi kudu sregep
Ben uripe ora mung ngarep
7. Nulis layang nganggo balpoin
Sambil nyimak guru nerangin
Ilmu kuwi kudu digoleki
Ben masa depan ora petengi
8. Teko sekolah esuk-esuk
Ati seneng ora nganti mumet
Sinau kuwi dudu beban
Tapi bekal urip lan pangan
9. Ngaso sebentar neng ngarep kelas
Sambil maca buku sing apik kelas
Yen pingin uripmu luwih cerah
Kudu sinau, ora seneng nggerah
10. Mlaku-mlaku sak sekolah
Ndeleng papan kata motivasi
Yen arep sukses lan urip mulyo
Sinau lan ngaji ora usah loyo
Tema moral (2 larik)
1. Bari nyuci ojo lali dibilas
dadi murid ojo males
2. Tuku mobil nyebur sawah
tetep sinau pantang menyerah
3. Ngisi bensin menyang tangki
resiki ati saja dengki
4. Tuku tiket gawe numpak sepur
lakonono urip kanthi jujur
5. Lunga menyang malang sangu sego gurih
ojo sombong yen pingin dadi sugih
6. Aja dumeh nduwe kuwasa
Sing utama tetep andhap asor roso
7. Urip apik aja mung ngaku
Sing penting tumindak becik sak jerone ati ku
8. Yen salah aja ditutupi goroh
Jujur kuwi luwih nglegakake roh
9. Yen mbantu aja ngarep ganjaran
Tulung tulus kuwi tandha welasan
10. Tepo seliro saben wektu
Urip tentrem, rukun lan ayem atimu
No comments:
Post a Comment